-->
We come with the latest version 1.25, get this template for only Rp 150k, Buy now!

Layang Tresna


Kanggo Adikku, Ina....

Ringkesan wae, sebab aku ora bisa nulis akeh. Sing gedhe pangapuramu menawa layang iki agawe kaget tumrape dik Ina. Jalaran tanpa ana thathit tanpa ana udan, keprungu suwara bledheg ing awang-awang.
Sejatine wis sawetara wektu kepungkur aku kepingin rembugan sakloron karo dik Ina, nanging ora nate kelakon. Cethane, atiku rumangsa sengsem saben-saben ketemu lan nyawang sliramu. Kanthi selembar layang iki, aku wanekake nelakake rasa tresnaku marang dik Ina.
Gedhe pengarep-arepku, dik Ina ora kabotan nampa niyatku iki. Ananging menawa dik Ina pancen ora kersa, anggepen layang iki ora nate ana. Nanging aku jaluk awakmu aja pisan-pisan gething marang aku. Aku nunggu wangsulane dik Ina.


Matur nuwun,
Prastawa.





Rampung maca layang kang ditampa awan mau, Ina unjal ambegan landhung. Ana rasa sing Ina ora mangerteni maknane, jalaran dheweke nembe sepisan iku ngrasakake.
"Aneh. Kena ngapa Mas Prastawa nulis layang iki kanggo Ina. Kok ora marang wong wadon liyane. Kamangka kanca-kancaku kang uga dikenal apik dening Mas Prastawa akeh kang luwih ayu, luwih demenakake tinimbang aku" . Suwe anggone Ina mikir-mikir kudu kepriye nanggapi layange Prastawa.
Supaya pikirane ora ngelantur, nglambrang ora karuwan, sawise nyimpen layange Prastawa, Ina tumuju padasan tumuli wudlu, banjur nindakake sholat. Reribeting atine dipasrahake marang Pangeran, kepriye kudune Ina aweh wangsulan marang Prastawa.



Katur Mas Prastawa,

Cekak aos. Ina ngaturaken agunging panuwun dhumateng Mas Prastawa ingkang sampun migatosaken Ina. Yektosipun kula kaget rikala nampi lan maos serat saking Mas Prastawa. Nembe sepindhah punika kula pikantuk alem saking priya, kejawi saking Bapak kula. Ina rumaos mongkog nampi pangalembana saking Mas Prastawa. Ananging Ina bingung badhe caos wangsulan dhateng Mas Prastawa.
Ing salebeting manah pitanglet, "kenging punapa Mas Prastawa boten pilih wanita sanes saking rencang-rencang kula ingkang langkung manis, langkung ngremenaken tinimbang Ina".
Nuwun sewu, Nyuwun pangapunten ingkang agung, menawi wangsulan kula punika boten ngremenaken tumrapipun Mas Prastawa. Dumugi wekdal punika Ina taksih dereng saged matur ingkang gumathok sambet kalih kresanipun Mas Prastawa. Jalaran kula dereng pikantuk wewengan saking Pangeran, kula kedah caos wangsulan punapa.
Sepindhah malih, Ina nyuwun pangapunten ingkang agung.

Matur nuwun,
Rayi, Ina.







Nampa layang wangsulan saka Ina, atine Prastawa rada kuciwa. Wangsulane Ina mau nambahi rasa sengsem ing sajroning atine Prastawa. Rasa keprananne Prastawa marang Ina ora amarga Ina ayu, manis. Nanging Prastawa kepranan marang Ina amarga bocahe sopan santun, lan uga sregep ngibadah marang Pangeran.
Sawetara wektu Prastawa nyimpen kepinginane kanggo nelakake rasa tresnane marang ina. Prastawa nunggu wektu sing pas kanggo nerusake niyate marang ina. Prastawa ngangkah mengko sawise ulangan semesteran, katone wektu ingkang pas.


Sawijing awan sasi Desember, rikalane Ina lagi nunggu angkutan ana pinggir ratan arep bali saka sekolah, Prastawa mantepake tekade nyedhaki. Supaya ora agawe isine Ina, layang kang wis ditulis ditlesepake ana sajrone buku kumpulan geguritan anggitane pujangga kodhang.
Nggenjot pit ontel tuwa kelangenane Prastawa nyaketi papane Ina ngadeg. "Ina, iki ana titipan saka Pak Guru, jarene awakmu supaya ngapalake salah siji geguritan sing wis diwenehi tenger" Mengkono celathune Prastawa kalane menehake buku iku.
Satleraman Prastawa nggatekake owah-owahan ing praupane Ina.


"O.... inggih. Matur nuwun, Mas Prastawa" Cekak wangsulane Ina, rada gragapan jalaran ora nyana bakal ngalami kedadeyan mau. Buku mau enggal-enggal disimpen ing sajroning tas sekolahe sadurunge kanca-kancane takon neka-neka.
Begjane, ora antara suwe ana angkutan kang mandheg ing sacedhake Ina. Sinambi mlebu kendharaan iku, Ina mesem marang Prastawa, karo matur "mangga Mas Prast, Ina wangsul rumiyin".


Atine Prastawa tratapan, nanging ana rasa tentrem kang rumasuk ing sarandunening awak. Kanggo ngilangi rasa tratapan mau, Prastawa nglakokake pit ontel kang ditumpaki alon tumuju mesjid. Batine ngudarasa, "yen Ina mesem aku ora kuwat nyawang".
Ing ngarep masjid, Prastawa nyendhekake pite ana sangisore wit ketepang kang tuwuh nyrekakah ngayomi plataran masjid. Merga during manjing wektu sholat, Prastawa nyedhaki tetanduran kembang ing plataran, nyawang kekembangan mau kebak rasa sengsem.


Ina kang wis nduga apa kersane Prastawa, age-age mbukak buku mau satekane omah lan mlebu sajroning kamar. Diwaspadakake ana layang kang dislempitake ing sela-saning lembaran buku.
Maca isining layang, tuwuh rasa aneh ing sajroning atine Ina. Bubar maca layang, keprungu suwara adzan saka langgar cedhak omah. Ora mbuwang wektu, Ina tumuju padasan, njupuk wudlu, nuli nyangking rukuh lan sajadah tumuju langgar.
Sarampunge sholat, ora lali anggone nyuwun pituduh saka Pangeran supaya ora kleru anggone aweh wangsulan marang Prastawa.



Ngadhepi lumingsire tahun gumati tahun anyar, atine Prastawa kebak kabungahan. Ina, kenya manis sing dadi memanoning ati nanggapi kekarepane. Senajan Ina ngajokake pirang-pirang syarat, nanging kabeh mau ora dadi reribet tumraping Prastawa. Jalaran kabeh alesan kang dibabarake Ina mau selalras karo keyakinan kang ana ing atine.
Makaping-kaping Prastawa ngaturake rasa syukur marang Pangeran, lan ngajab muga-muga kabeh pangangen-angene lumaku kanthi rancag. Nanging senajan akeh reka daya wis tilakoni lan ditaindakake, lelakon lan kedadeyan ing lumahing bumi iki gumantung ana kersaning Pangeran, Allah Subhaanahu Wata'ala.






Anda mungkin menyukai postingan ini

1 komentar

  1. Unknown
    Apik gus agus
  1. Untuk menyisipkan sebuah kode gunakan <i rel="pre">code_here</i>
  2. Untuk menyisipkan sebuah quote gunakan <b rel="quote">your_qoute</b>
  3. Untuk menyisipkan gambar gunakan <i rel="image">url_image_here</i>