-->
We come with the latest version 1.25, get this template for only Rp 150k, Buy now!

Pedoting Tresna



Sesambungane Prastawa lan Ina sasuwene iki dilakoni luamantar layang, amerga Ina sidane milih mlebu ing IAIN Tulung Agung, ora sida mlebu IAIN Sunan Ampel ing Surabaya. Sesasi sepisan, biasane Ina kirim kabar lan ngaruhake kabare Prastawa, semono uga sewalike. Prastawa kang selawase iki percaya banget marang Ina, kaged rikalane maca layang saka Ina.


Katur Mas Prastawa,

Salam,

Muga-muga panjenengan mboten gela sasampunipun nampi lan maos serat saking Ina puniki. Sampun sawetawis dangu Mas Prastawa kaliyan Ina sesambungan kanthi serat, kathah pitutur ingkang sampun panjenengan paringaken dhumateng kula.

Ina nyuwun pangapunten ingkang agung bilih sasampunipun Ina ngaos, pikantuk pitutur saking ustadz, lajeng tuwuh raos panelangsa ing lebeting manah, jalaran sadangunipun wekdal punika Ina nglampahi "zina manah". Senajan Ina kalihan Mas Prastawa boten nglampahi perkawis ingkang nerak kasusilan, nanging Ina ngraosaken bilih Ina sampun tumindak ingkang boten sahe kanthi lelantaran serat kalihan Mas Prastawa. Kanthi melaten, wiwit wekdal punika Ina nyuwun Mas Prastawa boten kentserat dhateng Ina, lan sesambetan punika kita cupet cekap semanten.

Sepindhah malih Ina nyuwun pangapunten, sedaya punika kangge njagi manah kula amrih boten mangro anggen kula manembah mring Pangeran. Mugi-mugi Mas Prastawa pikantuk lelintu ingkang langkung sahe tinimbang Ina.

Matur Nuwun, lan Pangapuntenipun ingkang agung

Ina



Peteng pandulune Prastawa sawise maca layang saka Ina. Sawetara wektu Prastawa thenger-thenger dhewekan karo pikirane nglambrang adoh. Bareng wis kasil nata atine Prastawa banjur jupuk dluwang lan pulpen nuli nulis kanggo Ina.



Salam,

Cekak wae Dek Ina, jalaran aku ora bisa mangerteni kekarepane Ina kang dumadakan iki. Selawase awake dhewe sesambungan kanthi layang, rasane aku ora nate duwe ukara kang nyleneh lan njalari reged ing pikir lan ati. Menawa pancen Ina wis ora kepareng maneh nerusake sesambungan iki, Prastawa ora meksa. Mung wae atiku isih kebak pitakon, jalarane apa dumadakan Ina mungkasi sesambungan kang wis ngancik telung tahun tanpa reribet. Aku nyuwun wangsulan kang cetha.

Salam

Prastawa


Rampung nulis layang, dilebokake amplop ditempeli prangko sacukupe. Rikala Prastawa arep metu saka kamar, Edi salah sijining kancane kerja teka. Kanggo ngleremake pikir, Prastawa pamit marang Edi menawa arep bali menyang desa (Trenggalek) sawetara dina.







Anda mungkin menyukai postingan ini

  1. Untuk menyisipkan sebuah kode gunakan <i rel="pre">code_here</i>
  2. Untuk menyisipkan sebuah quote gunakan <b rel="quote">your_qoute</b>
  3. Untuk menyisipkan gambar gunakan <i rel="image">url_image_here</i>