-->
We come with the latest version 1.25, get this template for only Rp 150k, Buy now!

Tuku Sega Entuk Tresna

Ribet, ngopeni weteng Jawa kuwi. Disapih nganggo roti tukon super market wae, yen durung kambon sega, ngelihe durung suda. Mangka, yen diladeni tuku sega, rampung mangan, cangkem krasa kecut, banjur njaluk diseseli udud. Cucul dhuwit maneh. Kamangka, regane udud kuwi saiki tikel pindho regane sega rames sapiring. Hoalaah..


Asem tenan! Duwit mepet, weteng ngintir-intir njaluk diisi. Kudune pendhak tanggal tuwa kuwi pancen apike pasa. Yen ora ngono, nyatane repot tenan kok. Ning, wis kebacut luwe banget iki. Ora mung kroncongan. Wis ndhangdhutan rame banget. Yen ora gelis dileboni sega, klakon semaput tenan aku iki engko. Waahhh..


Ribet, ngopeni weteng Jawa kuwi. Disapih nganggo roti tukon super market wae, yen durung kambon sega, ngelihe durung suda. Mangka, yen diladeni tuku sega, rampung mangan, cangkem krasa kecut, banjur njaluk diseseli udud. Cucul dhuwit maneh. Kamangka, regane udud kuwi saiki tikel pindho regane sega rames sapiring. Hoalaah..

Yen wis duwe bojo ngono isih luwong. Ana sing nyawiske sarapan lan wedang kopi kebul-kebul saben wayah isuk. Clana lan klambi wis cemawis mlithit. Mangkat megawe disangoni esem manis karo sun pipi kiwa tengen. Wis ta, pokoke swarga donya tenan.
Lhaah, yen isih legan kaya aku iki, cilaka ta! Clana lan klambi dikumbah dewe, pengen sarapan masak dhewe yen ora ngono tuku ning warung. Mulih megawe, awak kesel ora ana sing nggatekke. duuhhhh....

Hladalah kok malah tekan ngrembug bojo ta! Mikir gaweyan wae judheg kok.
Waduh! Malah kelingan mangan maneh! Wah, kudu dituruti tenan iki. Luwe banget!!

Aku mlaku ngetan. Niyatku menyang warung "Cita Rasa". Mung warung kuwi sing paling cedhak saka kost-ku. Senajan biasane, aku ora nate mangan ing kono.

Tekan ngarep warung, rame. Akeh nom-noman padha mangan bareng karo pasangane. Wedus tenan, dupeh duwe pacar wae pethenthengan runtang-runtung nyang endi-endi karo pacare. Sengit aku! Ah, ya wis ben. Ora nggagas, wetengku kebacut perih.

Mlebu warung, ora banjur aba pesen panganan. Aku pilih mapan lungguh ing kursi ngarep kasir. Mung kursi kuwi sing kosong. Aku lungguh ngungkuri kasir, nyawang ngarepan. Ngampet gela, weruh kiwa-tengen padha mangan sinambi guyon, klesak-klesik, sedhela-sedhela ngakak bareng lan ana seng dulang-dulangan.. Duuh, nggrantes atiku..

Wong urip kok ora toleran! Ora tepa-slira! batinku.

    "Mau pesen apa, Mas?"
Aku jumbul, mak jegagik..ujuk-ujuk ing sisih kiwaku wis ana gadis nganggo klambi biru, padha karo klambine kasir. Tangane ngulungake daftar menu panganan.

Swarane arum! Eseme manis! Krungu swarane lan nyawang pasuryane, rasa ngelihku rada suda. Kok bisa ya? Wah aneh iki..


    "Kula pesen sega pecel, Mbak."
    "Maaf, Mas. Kalo sudah siang begini, nasi pecelnya sudah habis. Nasi pecel enaknya untuk sarapan, Mas. Gimana kalo menu makan siangnya, ayam bakar saja? Enak lho.."
    "Ya."
    "Minumnya, Mas?"
    "Es teh. Eh, bukan. Es Jeruk."
    "Ditunggu sebentar ya, Mas."
    "Ya."
Lhooohhh! Modaar aku! Kok pesen ayam bakar? Waduh, kamangka regane ning daftar menune larang! Sesuk njur arep mangan apa? Wah, edan! Aku kok manut wae dibujuk si Klambi Biru mau! Ning, ora, ah! Ora dibujuk kok. Wong, ukarane wae, katon yen perhatian banget marang aku kok. Ya ngene iki kudune dadi bojo kuwi. Eh, kleru, maksudku dadi pelayan warung. Elok! Pelayan warung kok ayu ya! Manis, grapyak, simpatik. Seneng, aku..


    "Ini nasi ayam bakarnya, Mas. Silahkan dinikmati. Emmm, mau saya ambilkan kecap?"
    "Ya."
lhoohh yaa! Kok aku manut wae, ta! Aku rak ora seneng kecap! Iki piye, ta?! Edan! Ayu tenan! Satembung-tembunge kok luwes tenan.
    "Ini kecapnya, Mas. Selamat makan. Saya ke belakang dulu ya."
Asem! ukarane kaya marang pacare wae. Hemmm, disawang saka mburi saya katon kewes. Lakune bisa nglalekke luwe. Ning, apa ya ayam bakare iki ora arep takpangan ta. Wis kebacut tak tuku. Eman-eman.


    "Sudah selesai, Mas? Gimana? Enak? Ini asbaknya."

Lagi wae aku nyelehake sendhok, dheweke wis mapan lungguh ing kursi sisih kiwaku karo ngulungake asbak.

Kok ngerti yen aku arep udud ya? Edan tenan! Lagi iki aku ketemu bocah sing ayune ora ukur. Wis, pokoke ayu tenan. Yen ditandhingke karo sing padha guyon kuwi, aku trima pilih si Klambi Biru. Kira-kira gelem apa ora ya karo aku? Ngawur! Angen-angen yen diumbar kok nggladrah.
Hlo! Jebul dheweke wis ora ana ing sisihku. Lho, Piringku wis dikukuti. Waduh urung sempat kenalan lan njaluk nomor HaPene wis ilang! Dheweke mesti lagi isah-isah ing mburi.

Sesuk mrene maneh, ah. Ben ketemu dheweke maneh.

Rasane ayem, tentrem, jenjem, yen krungu swarane, nyawang ayune. Ayune cah wadon sing angel dicandra. Dudu mbangire irunge, dudu nduren sajuringe, dudu nyela cendhanine, dudu nanggal sepisane, dudu ndamar kanginane. Bocah wadhon ngene iki sing angel golekane.


Anda mungkin menyukai postingan ini

  1. Untuk menyisipkan sebuah kode gunakan <i rel="pre">code_here</i>
  2. Untuk menyisipkan sebuah quote gunakan <b rel="quote">your_qoute</b>
  3. Untuk menyisipkan gambar gunakan <i rel="image">url_image_here</i>