-->
We come with the latest version 1.25, get this template for only Rp 150k, Buy now!

Ayu Rupane, Uga Ayu Pakertine



Arep wiwit saka endi ya? Ngene, becike takcritakake saka sing paling gampang tak-eling-eling. Ayu iku jenenge sing jangkep Ayuningtyas. Jeneng iku sing sepisanan mencutake atiku. Jenenge apik banget. Sebab, Ayuningtyas iku tegese ‘ati sing becik’. Kok wasis timen wong tuwane. Maringi jeneng anak ora waton. Temen-temen asma kinarya japa.

Ayu omahe Trenggalek. Anak ragil. Sedulure ana telu, lanang siji lan wedhok loro. Umure taun iki wis jangkep selawean taun. Isih legan. Durung duwe calon. Ayu iku ethes. Ora klemak-klemek. Yen lagi nandangi gaweyan, katon cak-cek. Yen lagi mlaku, rada beda kaya lumrahe prawan. Semune rikat. Ora kaya macan luwe. Nanging ora kesusu kaya wong selak kebelet.
Yen guneman, teteh, cetha siji-siji mbaka siji, ukarane runtut, ngluwihi panjak kethoprak. Nanging semune lirih lan ulate luruh.
Aku seneng pendhak nyawang dheweke mangan. Blas ora keprungu kecape. Anteng. Ora nate diselani omongan. Ora dadak tolah-toleh. Jan ndemenakake. Apa maneh yen ngrungokake swarane liwat telpon.

Ayu iku kulite ora kuning nemu giring, ora mrusuh putih, ora ireng mangkak, nanging nyawo mateng. Dedege ora lencir, ora cendhek. Cukupan. Kira-kira satus sewidak telu senti meter, utawa sakupingku nalika ngadeg jejer.

Awake ora lemu mbleneg, ora kuru lunglit. Apik. Jumbuh karo dhuwure, utawa yen wong Jawa ngarani “ngringin sungsang”. Rambute ora ngembang bakung, ora kriting pating kruwel. Lurus. Dawane mung tekan pundhak turah sethithik.

Bathuke ora nonong, nanging pancen semune amba, lan ana andheng-andhenge mepet pucuk alis sisih tengen, ora gedhe, nanging ketara. Alise kandel, katon durung nate dikerok pinggir ngisore. Idepe asli, ora dawa, lan ora pati-patia mlengkung tumenga ing tawang.

Irunge ora mbangir, ora pesek, nanging apike mbethet, kaya cucuk manuk Bethet. Lambene ora tipis, ora kandel, ora abang, ora pucet. Sing ndhuwur rada tipis, ngisore rada kandel, lan wernane werna gambir ora pati tuwa, tanpa pinulas apa-apa. Janggute nyigar, maksudku, kaya ana garise njlarit jejeg ing tengah, embuh apa kuwi arane.

Pokoke, Ayune ora bisa di jlentrehna gawe ukara. Sapa wae sing ketemu dheweke, mesthi banjur kepencut, manut, lan katut. :)

Anda mungkin menyukai postingan ini

  1. Untuk menyisipkan sebuah kode gunakan <i rel="pre">code_here</i>
  2. Untuk menyisipkan sebuah quote gunakan <b rel="quote">your_qoute</b>
  3. Untuk menyisipkan gambar gunakan <i rel="image">url_image_here</i>